Jumat, 18 Mei 2012

GUSTI   ALLAH   MBOTEN   NATE   SARE
PANGENTASAN 17 : 1 – 7

“ Lampahipun bangsa Israel ingkang kapimpin dening Nabi Musa saking tlatah Mesir tumuju ing tlatah ingkang Gusti dawuhaken, inggih menika tlatah Kanaan”

Bangsa Israel, mboten bangsa ingkang taat, mboten bangsa ingkang tansah nyenderaken gesang padintenanipun wonten ing ngarsanipun Gusti. Sagida kita raosaken saking carios sejarah kala wau, bilih bangsa Israel madoni lan nggrundeli Nabi Musa lan malah nyoba dumateng Panjenengane Gusti Allah.
Bangsa Israel menika tansah mboten pitados dumateng Rancanganipun Gusti Allah.
Dipun raosaken dening bangsa Israel bilih Gusti Allah mboten saestu-estu anggenipun maringi pitulungan bangsa Israel tumuju tlatah ingkang sampun kajanjekaken.

Kuciwa lan kekuciwanipun bangsa Israel menika, kacethakkaen wonten ing satunggal peristiwa, wonten ing Padang gurun sin, ing tlatah Rafidin. Ing rafidin menika mboten wonten toya.

Bangsa israel menika malah ngarosaken sekeca bilih gesang ingkang langkung sae, ing tlatah Mesir. Mboten gesang kados mekaten. Sanesa wonten Mesir gesangipun bangsa Israel dados budak lan umat ingkang mboten mardika.

Nanging Gusti Allah mboten nate sare, anggenipun maringi pitulungan rinten dalu dateng  bangsa ingkang sampun kapiji, injih menika bangsa Israel. Gusti Allah saestu nresnani bangsa kagungane Gusti menika, wekdal Nabi Musa sesambat wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, Gusti ngautus Nabi Musa, supados Nabi Musa nyabet parang wonten ing gunung Horeb, ngagem teken ingkang sami kaliyan teken ingkang kangge nyabet bengawan Nil.
Gusti Allah maringi mukjizat, toya mekdal saking anatarne celah parang, banjur bangsa Israel saged sami ngombe lan mboten kesatan (kekirangan toya) malih

Para sederekh kagunganipun Gusti...
Mangga kita mendhet piwulang ingkang sae, supados wonten ing gesang kita kanthi kawontenan ingkang kados pundhi kemawon, tansah ngemuti bilih Gusti Allah tansah mitulungi kita ing sakwanci-wanci.

Mangga kita nuladha kados ingkang katindhakaken dening Nabi Musa, ingkang tansah sumendhe wonten ing ngersanipun Gusti, tumrap bab-bab menapa kemawon.

Gusti tansah wonten ing tengah-tengah kita, lan Gusti tansa maringi pitulungan wonten kita. Menawi kita saestu-estu nyumendhekken gesang kita dhateng ngarsanipun. Amin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar